Tata Cara dan Proses adat mantu bahasa jawa
UPACARA ADAT JAWA “MANTU”
Mantu kuwi tegese nduwe gawe
ngomah-ngomahake putra putrine kang wis
diwasalan mampu nguripi awake dheweke.Diarani ngomah-omahake amarga cara
nyawijekaken puterine karo kakunge kang banjur manggon saomah lan urip bebarengan
ing madyaning bebrayan .Kajaba kuwi uga kaajab supados mengkone kagungan putra
kang saged nerusakake katurunan.
Manut tata cara jawa,ana rerangken tata
cara jawa ingkang dilampahi sadurunge ijab kobul yaiku, ndhodog kori, lamaran,
siraman, paes, midodareni, lan dodol dawet.Sesampunipun upacara ijab ugi wonten
upacara panggih.Rerangkening upacara panggih menika wonten, Balang gantal utawi
suruh, Midak tigan, Mijiki, lan sinduran.Ingkang selajengipun wonten Upacara
Krobogan, rerangkening adicara inggih menika wonten tanem tetuwuan, bobot
timbang, Kacar-kucur, Dulangan utawi Dhahar klimah, ngunjuk toya wening, lan
Rebut panggang. Ingkang pungkasan wonten ing upacara adat jawa inggih menika
Sungkeman.
Ingkang adicara kawiwitan menika
ndhodog kori wonten tata cara nalika calon penganten kakung silaturrahmi wonten
ing daleme calon penganten puteri ingkang nggadahi werdi calon penganten kakung
pengen ngerti kahananipun calon penganten puteri lan bisa ugi penganten kakung
takon-takon menyang kaluwargane calon penganten puteri gegayutane karo
kahananipun calon penganten puteri .Supados calon penganten kakung saestu
ndadosaken calon penganten puteri dados garwane kakunge ugi supados calon
penganten kakung mboten kuciwa.
Lamaran iku rerangkening tata cara
nalika tiyang sepuh utawi waline pihak calon penganten kakung nekani tiyang
sepuh utawi waline pihak calon penganten puteri. Ing adicara lamaran iku wonten adicara liru kalpika utawi
tukar cincin .Tata cara lamaran wau
minangka lambing lan awujud tanggung jawab kang bakal ditindakake calon
penganten kakung marang garwane utawi menyang kaluwargane .Adicara lajengipun
yaiku, siraman. Siraman wau calon penganten puteri lan kakung disirami dening
para sesepuhing temanten kangge toya kembang pitung rupa. Siraman iku nduwe
werdi supados calon penganten puteri lan kakung resik lair lan batine. Lan
kembang pitung rupa iku nduweni werdi
supados wangi. Sesampunipun siraman lajeng diterasaken paes, yaiku calon
penganten kakung cukuran rambut. Rambut ingkang dicukur yaiku wulu-wulu kalong
ingkang ana neng rai supados calon penganten kakung katon gagah lan gantheng
menawi upacara adat ijab kobul diadhakaken.
Wengine calon penganten puteri
nganakaken midodareni yaiku calon penganten puteri diperlakokake kayata widodari
ing adicara midodareni. Calon penganten puteri dikurung wonten ing senthong lan
boten angsal kapados kalih calon penganten kakung amargi calon penganten puteri
diomongi pitutur dening kaluwargane ingkang tiyang estri ngenani babagan
mbangun kaluwarga ingkang sakinah mawaddah warrahmah.Lan dilajengi tata cara
dodol dawet, dodol dawet niki dianakaken wonten ing dinten sesuke. Ingkang
dodolan dawet iku tiyang sepuhe calon penganten puteri lan dibayar kangge
pecahan gendheng boten sanes arto kayata biasane. Mlebet wonten ing adicara
sesampunipun upacara ijab wonten upacara tanem tetuwuan.Ing adicara menika
temanten kalih nanem tetuwuwan ingkang awujud alang-alang, tandur tebu, lan
pisang raja.
Adicara selajengake inggih menika balangan
gantal utawi suruh. Penganten puteri mbalang wonten ing samparan penganten
kakung lan penganten kakung mbalang wonten ing dada.Nggadahi werdi menika
supados calon penganten kalih ical pamore (babagan kang ora becik). Mblang
suruh penganten puteri wonten ing samparan menika nggadahi werdi supados
penganten puteri manut menyang penganten kakung lan penganten kakung mbalang
wonten ing dada werdinipun supados penganten puteri kedah setya kalih penganten
kakung. Adicara lajengipun inggih menika penganten kakung midak tigan diterasi
penganten puteri mijiki samparane penganten kakung. Werdine inggih menika
supados mertanda mecah pamore, ilang
sing ala-alane lan ugi gampang diparingi momongan. Wonten ing urip bebrayan
menawi tiyang estri teras bakti menyang penganten kakung.
Sesuke dianakake sinduran memasang
sindur menyang temanten puteri lan kakung kayata digendhong ing tiyang sepuh
temanten puteri. Ancase, menawi penganten kakung sampun ditampi dening
kaluwarga temanten puteri. Dilajengaken bobot timbang werdine tiyang sepuh niku
kedah adil mboten mban cende mban siladan (pilih
kasih).
Kedah diterasaken adicara
kacar-kucur, adicara menika wonten ing kacu ingkang wonten ing salebete wonten
beras ugi saged arto lan sapanunggalane. Simbole penganten kakung saged nafkahi
temanten puteri lan kaluwargane mangkone.
Adicara sesampunipun yaiku, dulangan
utawa dhahar klimah gadah werdi inggih menika temanten kalih kedah gadah kekompakan, mboen pareng egois, pada
dene urip bareng temanten puteri kalih temanten kakung.
Adicara selajengipun inggih menika
ngunjuk toya wening werdine supados temanten kalih jernih pikirane mboten kotor
kayata toya ingkang diunjuk. Lan adicara ingkang nyenengake inggih menika rebut
panggang werdi ingkang kandhut wonten ing adicara menika temanten kalih kedah
sareng-sareng kerja sama dene urip sesarengan.
Ingkang
adicara pungkasan inggih menika sungkeman yaiku adicara sungkem ing tiyang
sepuh temanten kalih werdine menika supados tanda bekti temanten kalih menyang
tiyang sepuh.
Menika kawruh reroncening upacara
adat mantu .Taksih katah anggene upacara adat mantu .Ing jaman saiki upacara
adat mantu kuwi katone wis arang kang ditindakake kanthi wutuh .Kajaba pancen
angel lan ewuh anggone nyawisake, adicara kang mangkono iku kepera ora sithik
wragade. Kajaba saka kuwi, para kanoman nom saiki luwih seneng karo babagan
ingkang luwih ringkes.Mula ora gumun yen mung para pamengku budaya kayata dene
kraton lan priyayi kang isih nindakake tata cara upacara adat mantu kajaba kuwi
kanthi wutuh pinangka ngleluri kabudayan jawa.
commment ditunggu yups
Komentar
Posting Komentar